Wednesday 17 August 2016

Puisi Bahasa jawa (Generasiku)

* Generasiku *
Ing Negara iki
Jiwa-jiwaa mudha padha nyatu
Nggenggem asta dadi watu
Janji ing prasasti
Kados pahlawan Negriku

          Janjiku ora mung aksara iki
          Kados angin saklebat
          Nanging ilang lan mlebat
          Janjiku ora mung awang-awang
          Adoh dhuwur mung iso nyawang
Ora khayal sing tak weruhi
Ora singasana sing tak goleki
Ora pujian sing tak enteni
Nanging….
Masa depan sing tak karepi
          Masa depan bangsaku
          Masa depan negeriku
          Ngadek jejek ing pertiwiku
          Maku ing generasiku

          Generasi Indonesiaku

No comments: